jump to navigation

(Cerkak) Lilin Katiyup Angin May 21, 2012

Posted by tintaungu in Rona.
trackback

Lagu Candle In The Wind-ne Elton John kang ngebaki ruwangan warnet, ngelingake aku marang Prastiwi. Pacanganku rikala kuliah ing UGM rongpuluh taun kapungkur. Wong wadon kuwi wus tega medhot tali katresnanku. Amarga dheweke kepeksa nuruti panjaluke sakloron wong tuwane. Urip bebrayan karo juragan tahu kang lagi monjo usahane.

Menawa kelingan karo Prastiwi, tatune atiku kang wus mari rinasa perih. Nanging rasa perih kuwi kaya antuk tamba, rikala mitra Nuryana chatting lelantaran Facebook. “Piye kabare, Win?”

“Apik. Kabarmu uga apik to?”

“Pangestumu.”

“Kabare kanca-kanca Jogja piye?”

“Ajeg. Mas Indro isih nulis cerpen, Jemek isih kerep pentas pantomim. Kang Barjo isih gawe wayang boneka lan nyambi usaha warung angkringan. Mas Agus isih kerep nongkrong ing sangisore ringin TBY. Kang Rudi lan Mas Dono tansaya mendem Facebook. Kowe ditakoke Wiwik.”

Sial! Sadurunge aku mangerteni sapa satenane Wiwik. Pawongan kang durung dak tepungi kuwi, Nuryana wus off line. Kaya asep sigaret, pikiranku kumebul sajroning ruwang warnet kang panas, Amarga AC-ne wus mati rikala wektu ngancik tengah wengi mau.

Kaya dene reca kang ora mudheng apa kang bakal ditindakake, aku mung jinggleng sangarepe layar Facebook kang kebak pesen tanpa makna tumrap uripku. Nanging sadurunge logout, ana pawongan kang ngaku Wiwik kepengin dadi mitraku. Panjaluke pawongan kuwi dak kabulke.

Durung ana wektu kanggo mangerteni profile lan foto pasuryane Wiwik, pawongan kuwi chatting. “Sugeng dalu, Mas.”

“Sugeng dalu.”

“Kadospundi pawartosipun salami kula lan panjenengan boten nate kepanggih?”

“Nyuwun sewu. Kadosipun kula dereng tepang kaliyan jenengan.”

“Sejatosipun jenengan sampun tepang kaliyan kula. Menawi boten pitados, kula aturi bikak profile lan foto kula. Maturnuwun.”

Tanpa aweh jawaban kang ora perlu, dak bukak profile lan foto-ne Wiwik. Gandrik! Menawa Wiwik ora liya Prastiwi. Pacanganku rongpuluh taun kepungkur. “Aku saiki wus ngerti satenane kowe. Prastiwi to?”

“Bener, Piye kabarmu?”

“Elek.”

“Lho kok elek?”

“Aku wurung dadi sisihanmu. Piye kabare bojomu?”

“Mati. Disanthet karo mungsuh usahane.”

“Inna lillahi wa inna illahi roji’un. Kapan?”

“Sepuluh taun kepungkur.”

“Aku melu bela sungkawa.”

“Ora perlu. Amarga kowe satemene seneng menawa bojoku mati. Eling marang kandhamu: ‘Senajan ora entuk prawane. Randhane, ora apa-apa.’ Ngono to?”

“Ha…, ha…, ha…. Bener!”

“Salah!”

“Apa sebabe? Kowe saiki wus dhewekan to?”

“Bener. Nanging sedhela maneh aku bakal duwe sisihan.”

Maca jawabane Prastiwi, sakujur awakku rinasa tanpa bebalung. Pangarep-arepku bakal nandur witing katresnan anyar marang Prastiwi mati sadurunge tumancep. “Menawa entuk ngerti, sapa pawongan kang bakal dadi sisihanmu?”

“Nuryana.”

Pandelenganku sanalika kunang-kunangen. Tanpa logout Facebook, aku tumuju bangkune pawongan kang lagi dipasrahi boss-e jaga warnet. Sawuse bayar ongkos rental internet, dak tinggalake bangunan warnet kang gawe tatu anyar ing tatu lawas atiku. Sadawane dalan tumuju kos, lintang-lintang ing langit kaya lilin-lilin kang katiyup angin. Mati sunare. Peteng lelimengan.

Sumber : Cerkak Sri Wintala Achmad, Mekarsari

                                                                           .

Comments»

No comments yet — be the first.

Leave a comment