jump to navigation

(Cerkak) Gegojegan Lelakon Urip January 6, 2012

Posted by tintaungu in Rapuh.
trackback

Tak sawang kanthi kedhep tesmak, pawongan lencir ayu sing lagi nggandheng bocah udhakara umur 2 tahun ing njero toko buku ing sabrang saka kafe aku lungguh.

Esem iku aku ora lali, lan ora bakal lali. Esem iku isih kemanthil ing mataku senajan lelakon iku wus mungkur sepuluh tahun.

Dheweke dak kenal nalika Kerja praktek ana kantorku, wektu iku dheweke isih kuliah ana sawijining Perguruan Tinggi Negeri ana Surabaya lan wis semester akhir.  Awale aku sering digodha karo kanca-kanca saruwanganku. Pancen wektu iku aku isih lajang. Nanging ora ana sing ngerti menawa aku wis duwe pacangan. Amarga aku pancen ora nate ngenalake utawa crita bab Asti, pacanganku marang wong kantor. Asti kuliah ana Yogya, kari ngenteni wisudha. Sauntara aku wis nyambut gawe ana Surabaya, dadi komunikasiku karo Asti amung lewat hape. Lan kala-kala aku nyambangi ana Yogya. Lan nganti saiki sesambunganku karo dheweke isih apik-apik wae, nanging embuh sakjane ana rasa sepa ing atiku marang pacanganku iki.  Kadhang aku nakoni marang atiku, geneya rasa tresna iku ora nate ana ing atiku? Sing ana amung rasa welas asih, dheweke tanggaku putrane bulik Narti pensiunan guru SD, lan adhik kelasku ana SMA . Saka asring bareng budhal sekolah, saben dina tak ampiri. Aku dadi raket karo dheweke. Sering dijaluki tulung ngeterake menyang toko Buku, menyang omahe kancane belajar kelompok, lsp. Saengga wong-wong madani yen aku karo dheweke pacaran. Padhahal satemene ora ana rasa apa-apa antarane aku lan dheweke, saliyane pengen ngrengkuh dheweke kadidene adhiku. Aku welas marang dheweke amarga wis ditinggal bapake seda awit isih umur 2 tahun. Wektu cilikanku ibu sering ngutus aku ngeterake masakan utawa jajan sing di masak ibu menyang omahe. Dadi wajar yen aku nganggep dheweke adhiku. Saengga nalika wis padha gedhe aku bubar wisudha ibu nyuwun supaya aku gelem dipacangake karo dheweke, rasane aku ora bisa selak senajan jujur aku ora duwe rasa tresna marang dheweke. Nanging embuh rasane wektu iku ora ana pilihan liya kejaba dak trima usule ibu. Aku uga ora ngerti lan ora takon marang Asti apa dheweke duwe rasa tresna marang aku. Dheweke ora nolak berarti ya seneng karo aku, iku kesimpulanku. Sing jelas saiki statusku dadi pacangane wong, sedhela maneh sesambungan iki bakal karesmekake sawise Asti wisudha. Rencanane tahun ngarep. Nanging nganti saiki jujur wae tresna iku durung tuwuh ing atiku. Sanajan  aku wis janji bakal bangun bale omah karo Asti. Urip pancen amung bisa mili urut ilining banyu. Ah apa ya ngono?

Esuk iku ing kantor, ana paraga anyar mlebu, tibake arep kerja praktek. Kanca-kancaku wis padha umyeg dhewe-dhewe. Maklum ‘barang baru’, bocahe pancen ayu lencir kuning mrusuh. Lan kaya biasane aku sing dadi sasaran di bebeda. Awale aku ya mung mesam-mesem wae amarga pancen ora pati nggatekake apamaneh dheweke wong asing. Aku pancen terkenale dadi gunung es alias ‘coolman’. Apamaneh yen ngadhepi piyantun putri. Kaya-kaya aku wis ora butuh. Awit pancen aku wis duwe Asti. Dadi ngapa maneh mikiri wanita liya. Perkara aku ora tresna karo Asti iku urusane atiku. Sedina-dinane sering aku dipoyoki, dipacang-pacangake kanca putri sing isih bujang, nanging amung dak langgati biasa-biasa wae. Nganti kanca-kanca ki jan gemes yen karo aku. Malah nate ditakoni rada sembrana, “Awakmu ki jane lanang tenan apa ora ta?. Aku mung ngguyu rada sora. Suwe-suwe kanca-kanca waleh dhewe ngadhepi aku. Nganti ketekan bocah ayu iku. Jenenge Maharani. Apik kaya pawongane. Suwe-suwe aku dadi caket karo Maharani, ya merga pokale kanca-kanca. Sering yen istirahat awan aku dikongkon mbarengi dheweke golek maem awan, aku ora kabotan,tak kira aku ya ora bakal kepranan karo Maharani lan kanggo nyenengake atine kanca-kanca, ben aku ora dipaido thok. Tak  pikir amung sedina rong dina, pranyata Maharani praktek nganti sawulan. Akhire aku sing kepothokan ngeterake dheweke saben arep mundhut maem awan. Awale amung caturan biyasa, Dak takoni asale tibake saka Kedhiri, putrane juragan tahu takwa. Suwe-suwe caturan dadi gayeng, pranyata dheweke pawongan sing nyenengake. Bisa ngimbangi omonganku, ora ngira menawa dheweke jembar wawasane, ya masalah akademis, nganti masalah politik dheweke nyambung. Apamaneh hobine padha, maca buku filsafat. Aku malih dadi rada raket karo Maharani, nganti kanca-kanca padha moyoki, Lha Gunung Es kena watune. “Wah Gunung Es selerane ya dhuwur ya? Njaluke sing ayu, gandhes luwes”. Kaya biyasane mung dak langgati karo mesem, senajan saiki rasane beda, ana geter sing seje ing atiku. Dak ulati Maharani amung abang ireng pasuryane, nambahi ayune. Ah..Aku ora selak menawa aku mulai duwe rasa iku marang Maharani. Lan yen dak rasakake rasa iki ora keplok sesisih. Lagi iki aku ngrasakake geter sing seje marang wanita. Apa iki tresna?Ah embuh. Nanging saya dak ilangi rasa seje iku mau malah saya njiret atiku. Kepengine cedhak marang Maharani . Yen caturan bisa krasan jam-jaman. Malah aku wis wani dolan menyang kos-kosane. Wis sering mlaku-mlaku bareng menyang toko buku. Dheweke uga ora kabotan mlaku jejer karo aku. Malah sering ngalem karo aku. Nanging ngaleme ora norak. Senajan  sering metu bareng, maem bareng digandheng tangane wae dheweke ora gelem saengga aku uga banget njaga marang dheweke. Aku elok ing ngatase jaman kaya ngene isih ana piyantun wanita sing njaga kaluhuran iku. Iku nambahi respekku marang Maharani. Saya suwe rasane aku ora bisa kapisahake karo Maharani. Atiku wiwit goreh. Wiwit ora jenjem. Ana rasa abot kang nggandholi dina-dinaku akhir-akhir iki. Wiwit owel yen aku adoh saka Maharani. Aku ngerti tresnaku saya jero marang Maharani. Nanging aku uga ngerti menawa aku duwe janji marang wanita liya. Aku wis pacangan. Aku tresna Maharani nanging kepriye Asti? Aku kudu milih sapa? Aku bingung, aku wis kebulet dhewe karo dalan sing dak pecaki. Aku ora tega medhotake Asti nanging atiku kadung kegandholan Maharani. Nanging ing pojok atiku kandha aku ora bisa terus-terusan kaya ngene. Aku kudu bisa nemtokake sikap. Aku kudu duwe sifat satriya. Senajan ora nate ana tembung tresna kang kaucap saka lathiku marang Maharani, nanging patrap lan sikapku karo Maharani pancen ora bisa di dhelikake yen padha ana ati ing antarane aku lan dheweke. Kanca-kanca kantor malah wis padha njaluk undhangan nikahanku. Sembrana pancen, nanging aku ora selak yen wong liya mesthi bisa maca ana apa antarane aku lan Maharani. Aku rumangsa kedosan, bakal natoni ati suci iku. Nanging piye maneh, aku wis kadung duwe janji marang Asti, lan aku ora oleh selak saka kanyatan iku.  Atiku dadi remuk, perih dhewe yen ngelingi lelakonku iki. Aku wis matur ibu, ibu mung bisa nuturi, “Iku godhane wong arep jejodhowan Le, nanging kabeh terserah kowe, yen pancen arep mbatalake pepacanganmu karo Asti, mung terus terang ibu lingsem Le?” Aku tambah bingung…ngung.

Akhire sawijining dina dakwanek-wanekake methuki Maharani, aku bakal nuntasake lakon iki senajan atiku tan kena ginambarake kaya ngapa rojah-rajehe. Sawise Sholat Maghrib aku ngetokake mobil tumuju kosane Maharani, ora krasa luhku mili…ah wong lanang kok gembeng, mesthine aku  kudu bisa dadi satriya, ucape atiku. Tekan kose Maharani, Ibu  kose mbagekake tekaku, pranyata Maharani lagi ana kamar. Mesisan nyuwun idin karo ibu kos arep ngejak metu Maharani. Ibu Kos mung meling aja bengi-bengi mulihe. Aku pancen ora niyat suwe-suwe sapatemon iki. Aku milih ana kafe klangenanku, ana ngarep toko buku favoritku karo Maharani.

“Rani,” aku mbukani rembug, “Ana bab wigati kang pengin dak suntag, aku bingung Rani, bingung banget,”

“Ana apa Mas, sajake wigati temenan,”kandhane alus.

“Mesthine sliramu wis ngerti kaya ngapa tresnaku marang awakmu”, pratelaku sinambi ndhingkluk ora wani nyawang pasuryane.”Tresnaku lair tumus ing batin marang sliramu Ran, rasane uripku ora bisa kepisah karo sliramu. Nanging Ran, satemene aku uga duwe janji marang wanita liya sadurunge tekamu. Jujur Rani, aku wis duwe pacangan.”Kanthi swara abot aku kudu nelakake kahanan iki marang dheweke. Saiki sirahku dak angkat dak sawang manther pasuryan tanpa dosa ing ngarepku. Dheweke mlengak sedhela, kaget ora ngira bab iki. Tanpa kumecap apa-apa, Maharani ndhingkluk.

“Aku nyuwun pangapura Ran, sasuwene iki ora ana niyat gawe larane atimu, kowe ora bisa ngrasakake kaya ngapa ajure atiku saiki, ah saupama aku isih oleh milih, Ran.Nanging saiki wis ora ana pilihan kejaba aku kudu netepi janjiku marang Asti.” Sepi maneh, akhire Maharani nyuwara rada groyok,

“Ora dadi apa Mas, senajan aku uga abot, abot banget, lagi saiki aku bisa caket karo priya. Lan aku ora selak yen aku uga mambu ati marang panjenengan. Nanging nganti seprene sesambungan kita, panjenengan ora nate nelakake rasa tresna iku marang aku, lan lagi wengi iki kabeh kewiyak. Aku nyuwun ngapura Mas yen wis nggodha urip panjenengan sasuwene iki.” Eluh iku mbrebel alon ing pipine. “Aku rila yen Mbak Asti dadi pilihan penjenengan. Lan iku wis samesthine, panjenengan ora oleh cidra karo janji, awit iku ajining dhiri”, tambah groyok suwarane amarga nahan tangis. Eluh iku tambah deres. Aku ora kuwat melu mbrebes mili. Ora ngira atine uga jembar kaya wawasane.

“Aku nyuwun pangapura Rani, nanging aku pengin sliramu ngerti tresna iki ora bakal ilang saka atiku.”

“Ah panjenengan ora oleh ngono, bisa mirsani panjenengan bisa mulya karo Mbak Asti aku wis katut seneng, Mas, Nanging siji panyuwunku, panjenengan ora usah methuki aku selawase sawise iki, bakal dak simpen jero lelakon iki, Mas. Muga-muga panjenengan nemoni kamulyan ing tembe.”

Ah panyuwun sing abot, mbuh apa aku bakal bisa minangkani. Iku wengiku kang pungkasan ketemu Maharani.

Dina-dinaku bacute dak isi kanggo persiapan nikahanku. Dak sliyurake dina-dinaku sing abot tanpa Maharani kanthi kesibukan ing kantor, lan aku milih sering tugas luar kota kanggo ngilangi sepining ati, sering methuki Asti kanggo mbusak wewayangane Maharani, sanajan aku ngerti wewayangan iku ora bakal ilang, tresnaku kanggo Maharani selawase, senajan uripku kanggo wong liya. Akhire aku njaluk pindhah saka kantor Surabaya, aku ora kuwat yen kudu tetep kerja ana kantor iki, kantor kang kebak kenangan karo Maharani. Akhire aku pindhah menyang Balikpapan, lan sawise nikahanku Asti dak boyong nang kana.

Nganti sepuluh tahun mungkur saka sapatemonku terakhir karo Maharani, aku antuk tugas menyang Surabaya, sakjane aku rada aras-arasen, jujur aku tetep ora bisa mbusak lelakonku karo Maharani.Tatu iki durung pulih, lan aku ora pengen tatu iku kebukak maneh bakal nambahi ngerese atiku. Tresnaku marang Maharani, tresna kang tulus, tresna kang tanpa pamrih apa-apa senajan ta ora bisa sesandhingan omah-omah karo dheweke. Kaya tetembungan tresna ora kudu anduweni, ana benere karo lelakonku iki. Akhire kanthi rada kepeksa aku sida budhal menyang Surabaya, nganggo pesawat paling isuk. Tekan Juanda aku nuju hotel panggonanku nginep, lan cedhak karo kantorku. Rencanaku dina iki sawise urusan kantor mari aku kepengen niliki toko buku sing sering dak tekani karo Maharani, ah…Maharani maneh. Nganti saiki aku isih bisa minangkani panyuwune ora methuki dheweke. Lan muga-muga dheweke wis urip mulya karo sisihane lan anak-anake. Sanajan pengarep-arep bisa sesandhingan karo Maharani tetep ana ing pojok atiku. Maharani, kena apa jeneng iku ora bisa ilang saka telenging atiku. Ba’da Maghrib aku nyoba metu ngenggar-enggar ati, menyang toko buku kaya rencanaku isuk mau. Nalika mudhun taksi lagi eling yen kawit isuk wetengku mung klebon roti lan teh ing bandara, saiki lagi krasa ngelih. Akhire ora sida mlebu toko buku, aku mlebu kafe klangenanku ing ngarep toko buku iku. Pesen ayam goreng lalapan lan jus apel. Sinambi ngenteni pesenanku teka, aku ngiderake panyawang ndeleng suasana ing njaba, lan saka anggonku lungguh aku bisa nyetitekake kahanan ing toko buku ngarep iku. Ora sengaja mata iki kandheg marang sawijining pawongan kang nggandheng bocah cilik udakara rong taun. Maharani!!. Ya aku yakin iku Maharani !!. Aku ora bakal lali marang wanita kang wewayangane tansah kemanthil ing netraku. Maharani, isih kaya sepuluh taun kepungkur, senajan saiki wis nganggo jilbab. Malah nambahi perbawa lan anggune. Lan bocah cilik iku? Mesthi putrane, ah katone uripmu wis nemu kamulyan Rani, panguwuhku. Nanging sisihanmu kok ora katon? Aja-aja dheweke wis ijenan?Ah pikiran nglantur iku dak buwak adoh. Dak sawang terus wanita iku, nganti ora dak gape pelayan sing ngladekake pesenanku. Rasane ana daya kekuwatan kang angel dak bendhung, notol-notol ing ati iki. Aku kudu methuki wanita iku, panyuwune kudu  dak langgar pisan iki. Aku kudu ketemu. Aku kudu bisa sapatemon karo wanita iku. Ah Maharani, pangapurane sing gedhe yen wektu iki aku wis ora bisa minangkani panyuwunmu, cah ayu. Aku kudu ketemu sliramu, kudu…kudu…! Ah.. akhire kanthi ora sranta aku ngawe peladen, dak ulungi atusan ewon, tanpa nyenggol panganan sing dak pesen. “Sepurane mas aku kesusu, yen ana susuke kanggo sampeyan wae, suwun ya?!” setengah mlayu aku nyabrang dalan mlebu toko buku, dak clilengi, katon Maharani isih asyik milih buku karo bocah cilik iku.

“Assalaamualaikum, Rani”, alon aku uluk salam.

“Waalaaikum salam, “ Dheweke noleh, geter ing atiku tambah ora karu-karuwan, dheweke nyawang aku setengah ora percaya sapa sing diadhepi, nganti sauntara padha menenge, ora ana sing kumecap. 

Akhire aku mbukani rembug, “Pangapurane Rani, aku kepeksa nemoni awakmu, kaya kandhaku sepuluh taun kepungkur aku ora bakal bisa nglalekake sliramu.”

Wanita ing ngarepku mung nggeget lambe, kaya nahan tangis, ana cahya perih ing netrane.

“Panjenengan wis nglalekake panyuwunku, Mas” kandhane alon.

“Sepurane Rani,  yen ora kabotan, ayo lungguh sing rada kepenak, aja salah tampa Ran, aku mung pengen ngerti kabarmu, lan kahananmu saiki, sepisan maneh yen sliramu ora kabotan”

“Yen saiki aku ora bisa, Mas, anakku rada rewel, wis kesel arep bobuk, Mungkin sesuk wae jam kaya saiki ing kafe ngarep” pratelane.

“Matur nuwun, Rani, sesuk aku ora bakal lali.” Kandhaku.

“Aku nyuwun pamit ,Mas “ pamite

“Iya, Ran, ati-ati”

Sewengi aku ora bisa merem, ah wewayangane tansah ngreridhu uripku. Tresna iku wis kadhung nunjem kuat ing atiku, lan sawise sapatemon sore mau njalari aku perang batin, antarane seneng lan sedhih. Ah embuh.. amarga kesel aku keturon ing ndhuwure sajadah sawise tahajjud jam telu parak isuk.

Mari sholat maghrib, sore iku aku numpak taksi tumuju kafe panggonanku semayanan, Rani isih durung teka, aku nggolek panggonan sing ngadhep jendela nyawang pemandangan taman ing mburi kafe. Iki panggonan favoritku karo Rani. Ah Rani maneh…

“Sepurane, Mas rada telat, nitipne anakku menyang rewangku.”, swarane Rani saka mburiku, dak toleh, ah..wanita iki pancen sulistya ing warna. Nganggo busana muslim warna biru laut, ngisoran putih memplak, lan jilbab putih ana sulame pita biru. Aku mung mesem, mbagekake tekane, “Matur nuwun Rani, wis kersa rawuh ing kafe iki”.

“Priye kabarmu?” meh barengan aku lan Rani ngucapake ukara iku. Wong loro ngguyu bareng, “Siji-siji wae, saiki aku dhisik,”kandhaku.”Piye kabarmu saiki?, uripmu katon mulya,Ran”

“Alhamdulillah, ya ngene iki, aku apik-apik wae mas, lha panjenengan?” takone genti.

“Yah…kaya sing mbok deleng,”kandhaku

“Panjenengan rada kuru lo, saka sepuluh taun kepungkur Mas,”selane.

“Ah mosok iya?!,” kandhaku rada mongkog merga isih di perhatekna Rani. “Yen jareku ya pancet wae, sliramu sing malah rada kuru, nanging malah tambah ayu”, kandhaku rada sembrana. Dheweke mung mesem sinambi nyawang aku.

”Wiwit kapan jilbaban?” takonku

“Wiwit sadurunge wisuda” jawabe cekak.

“Garwamu ora takon menyang ngendi sliramu saiki?” takonku rada ati-ati.

“Ora, Mas”jawabe cekak aos. Atiku angluh, embuh kena apa.

“Saiki ngasta ana ngendi kok ora nate katon ing kantor Surabaya?” takone kaya ngalihake omongan.

“Ya,aku pindhah nang Balikpapan, rasane abot urip tanpa sliramu, Ran, aku ora sanggup yen tetep ana Surabaya, lan uga ora apik kanggone awakku wektu iku.” Pratelaku jujur. Dheweke mung tumungkul.

“Putramu wis pira Ran?” takonku mecah sepining swasana, sing ndadak sepi nyenyet merga pratelaku.

“Siji” jawabe cekak aos maneh, “Mbak Asti putrane wis pira?”

“Durung ana Ran, durung dikersakNe.” Jawabku ampang.

Sepi mamring, kabeh kegawa karo alam pikirane dhewe-dhewe. Sawise jagongan ngalor ngidul, akhire sawise nuntasake pesenane maem, Rani nyuwun pamit, merga wis bengi. Aku uga pamit yen sesuk kudu bali menyang Balikpapan merga tugasku wis rampung. Lan aku ngajab liya dina bisa ketemu maneh. Dak tawani mulih bareng tibake dheweke wis nggawa mobil dhewe. Lan nalika dheweke nawani ngeterake aku menyang hotel dak tolak alus, ora pantes jejere wong lanang di terake wanita wis bengi pisan. Lan aku milih mbalik menyang hotel numpak taksi. Dak sawang mobil kijang Innova iku tleser-tleser ninggalake parkiran kafe. Ninggal atiku kang bali sepi. Rani ora salah, aku saiki kuru merga ora kaurus. Ah saupama dheweke isih legan, isih dhewekan mungkin wengi iki bakal ana crita anyar antarane aku lan dheweke, amerga Asti tilas pacanganku sing dadi bojoku tilar donya setaun sawise omah-omah. Kena kanker ati. Dadi pancen aku durung sempat diparingi momongan wis kedhisikan Asti tinimbalan ing ngarsaNe. Lan sawise iku aku nyoba nggoleki Rani, nanging kaya ana sing menging nganti sepuluh taun aku lagi ketemu Rani maneh. Nanging critane wis seje, dheweke wis urip mulya karo anak bojone. Lan aku bakal bali sepi maneh ngadhepi dina-dinaku.

Seje maneh critane Maharani, sawise metu saka plataran parkiran. Pikirane nglambrang adoh banget, “Ah katone dheweke wis urip mulya karo Mbak Asti, senajan durung diparingi momongan, saumpama dheweke isih ijenan kaya pengarep-arepku wingi”. Maharani kepengin ngrajut tali tresna iku maneh. Ah saumpama dheweke ngerti yen sepuluh taun iki Maharani isih ijenan wae. Lan anak sing mbok takokake, bocah lola sing ditinggal wong tuwane ing salah sawijining Panti Asuhan sing di donaturi selawase iki. Dudu darah daginge Maharani. Mungkin panjenengan ngira iku anakku, pangirane. Yen aku njawab anakku siji merga pancen aku wis duwe anak pupon siji, yen panjenengan takon garwaku apa ora nesu aku nemoni panjenengan tak jawab ‘ora’ merga aku pancen durung nate duwe sisihan. Aku keraya-raya golek gaweyan menyang Surabaya kareben bisa cecaketan karo panjenengan, nanging ing kene aku mung nemu sepi ora nate nemoni panjenengan.

Ah lelakon urip, kaya gojegan, saumpama sore iku kekarone gelem blaka suta sejatine awake dhewe-dhewe mungkin bakal seje critane. Ah lelakon embuh kadhang kita ora ngerti kersaNe…

Sumber: basajawa.wordpress.com

Comments»

No comments yet — be the first.

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s

%d bloggers like this: