jump to navigation

Cerkak : ‘Langite Peteng’ December 4, 2009

Posted by tintaungu in Rona.
trackback
( Dening Eko Hartono, kamot ing Jagad Jawa, Solopos, 19 November 2009 )
 
Wis dadhi pakulinan, saben esuk Tarmi tangi banjur kretegan ana pawon. Nggodhog wedang, adang, lan nyiapake sarapan kanggo kulawargane. Uga nyambi umbah-umbah, nyapu jogan, lan ngresiki omah. Kabeh mau ditandhangi kanthi lila, tanpa nggresula.

Nanging saiki, gaweane Tarmi ora mung kuwi. Sawise bojone kena PHK lan nganggur pirang-pirang sasi, Tarmi kudu melu golek dhuwit. Anake cacah loro kabeh butuh wragat sekolah. Partono, bojone, ngidini dheweke nyambut gawe maneh.

Tarmi mangkat nyambut gawe jam pitu esuk, mulih watara jam papat. Wis genep limang sasi Tarmi nyambut gawe. Bojone nganthi seprene durung entuk gaweyan maneh. Embuh amarga kurang temen anggone golek apa pancen nasibe sing durung begja.

Esuk iku, ora kaya biyasane, Partono katon sumringah. Esuk-esuk dheweke wis tangi, adus, lan nganggo klambi necis. Rambute dijungkati klimis, kaya wong arep ngantor.

“Dina iki aku wiwit nyambut gawe maneh, Tar,” kocape karo mesem.

“Alhamdulillah! Njenengan nyambut gawe ana ngendi? Kok ora kandha sadurunge?” pitakone Tarmi.

“Yen ngono, aku tak mandheg anggone nyambut gawe ya, Mas. Ben bisa ngurusi bocah-bocah. Yen aku lan jenengan nyambut gawe kabeh, sapa sing ngurusi lan ngawati bocah-bocah ana omah?”

“Ora usah, Tar. Kowe ora prelu mandheg. Santi lan Budi la wis padha gedhe. Cah loro wis bisa ngurusi awake dhewe-dhewe. Turmaneh, kowe isih bisa ngedum wektu esuk lan sore. Yen awake sakloron nyambut gawe kasile bisa saya akeh. Apamaneh Santi lan Budi sekolahe saya mundhak lan mbutuhake wragat ora sethitik. Awake dhewe kudu bisa nyelengi kawit saiki!”

***

Awan iku, nalika leren mangan wanci awan, Tarmi dijak kanca-kancane blanja ing mal. Nalika mlebu ing sawijining konter, dumadakan mripate weruh saklebatan wewayangan bojone karo wong wadon liya mlaku gandhengan tangan. Tarmi kaget lan arep nyeluk, nanging dheweke kelingan yen lagi mlaku karo kanca-kancane. Dheweke isin yen nganthi kanca-kancane melu weruh. Turmaneh, dheweke durung yakin yen sing disawang mau bojone, amarga saka kadohan!
Tekan omah pangrasane Tarmi isih ora karuan. Dheweke isih ketok-ketoken marang kedadeyan awan mau. Dheweke mangu-mangu apa bener sing disawang mau bojone? Aja-aja wong lanang liya sing blegere padha karo bojone? Nalika Partono mulih, Tarmi gojag-gajeg arep takon. Dheweke wedi yen mengko pitakone gawe nesu bojone. Dheweke ora arep ngajak padu. Nanging, yen ora ditakokake bisa nuwuhake eri ing dadhane, gawe perih lan lara.

Dumadakan Tarmi nemu gagasan. Nalika Partono lagi adus, Tarmi nggledah klambine. Dheweke ngrogohi kompekan lan mbukak dompet. Ora ana barang sing nyalawadi. Sing ana mung dhuwit Rp. 200.000, KTP, SIM, lan… kondom! Lho, kok ana kondom? Ora lumrah jalaran Tarmi dhewe wis pasang IUD. Apa arep dianggo karo wong wadon liya? Batine Tarmi dikebaki panduga sing ora-ora.

Dhadhane Tarmi dheg-dhegan. Dheweke rumangsa ana sing aneh. Tarmi mbalekake kondom iku ing panggonan sakawit. Dheweke wegah takon bojone, mundhak gawe prahara. Dheweke mung ngenteni, apa kondom iku pancen arep dienggo nalika ngajak dheweke, apa malah…?

Nalika Partono wis rampung adus lan nganggo klambi, dheweke malah pamitan arep lunga maneh. Kandhane dheweke entuk tugas menyang njaban kutha. Tarmi ora bisa kandha. Nanging ing dadhane ana sing krasa prih lan getun!

***

Ing papan nyambut gawene Tarmi ora sumringah. Awit saka omah raine wis mbleret surem, kaya senthir entek lengane. Kamangka kanca-kancane padha geguyon lan cekikikan ana sandhinge. Dheweke mung meneng ngrungokake kanca-kancane padha rerasan. Wis biyasa yen wong wadon padha ngumpul isine mung ngrumpi, ngrasani wong liya. Sing kerep dirasani wong ndhuwuran!

Kaya wektu iku, embuh entuk kabar saka ngendi lan embuh apa bener orane, kanca-kancane Tarmi padha ngrasani Bu Ratna, manajer pemasaran. Ana sing kandha yen Bu Ratna sing umure wis seketan taun iku duwe simpenan. Istilahe, gigolo. Basa gaule ‘brondong’.

“Tenan! Aku tau weruh dheweke nggandheng cah lanang enom, kaya mahasiswa…,” celathune Maryati.

“Aja-aja cah lanang iku anake apa ponakane?” semaure Wati.

“Dheweke ora nduwe anak lanang. Yen keponakan takiro dudu. Lha wong ponakan mosok dolane menyang hotel.”

“Ah, tenane…?”

“Sumprit! Yen ora precaya takona Astuti. Dheweke ya tau weruh, malah karo wong lanang liya maneh.”

“Kok ya gelem men wong lanang iku marang wong wadon tuwek kayadene Bu Ratna. Kaya ora ana wong wadon liya sing luwih enom lan ayu!”

“Jenenge wae gigolo. Ya, ngono kuwi gaweyane gigolo. Entuke duwit saka nyenengake wong-wong wadon sing kesepen, biyasane wong wadon sugih sing ora keturutan kabutuhan biologise!”

Tarmi risi ngrungokake celathune kanca-kanca. Dheweke age ngendeg rasan-rasan iku.

“Ssst, aja rasan-rasan wae. Mengko mundhak krungu Bu Ratna!” ujare.

“Kowe apa ya kapilut marang gigolo, Tar? Mengko tak golekke?” kocap Maryati disusul karo guyune kanca-kanca.

Tarmi mencerengke mripat. “Asem tenan!” pisuhe.

***

Awan iku Tarmi diceluk Pak Harsono, manajer bageyan produksi. Tarmi dikongkon ngeterake berkas menyang Bu Ratna. Nanging, Bu Ratna wis ora ana ruwangane. Kandhane sekretarise, Bu Ratna lagi mangan ana restoran ora adoh saka kantor. Gandheng berkas kuwi kudhu gek ditandha tangani lan dibalekake maneh, Tarmi age nyusul Bu Ratna menyang restoran sing dituduhake dening sekretarise.

Tarmi mlangkah mlebu gedhong restoran mewah lan megah iku. Saumur-umur nembe iki Tarmi mlebu menyang restoran mewah. Mung wong-wong sugih sing turah duwit sabane restoran. Swasana restoran sing sepi lan adhem merga isise AC pancen gawe jenak. Aja takon bab reregan, panganan sing didol ana kono ora ana sing murah. Sakmurah-murahe rega selawe ewu!

Ruwang restoran sing amba lan ana sekat-sekate gawe Tarmi bingung. Dheweke takon dhisik marang petugas resepsionis. Dheweke dituduhi ana sisih ngendi meja sing dinggoni Bu Ratna. Tarmi mlangkah nuju meja sisih pojok dhewe. Saka kadohan Tarmi wis weruh wewayangane Bu Ratna. Wong wadon iku lungguh jagongan karo wong lanang. Nanging, Tarmi ora pati weruh praupane wong lanang iku, amarga madhep mrana. Nalika Tarmi wis tekan ngarepe Bu Ratna, dheweke age uluk salam.

“Nuwun sewu, Bu. Kula diutus Pak Harsono kapurih nyuwun tapak asma…” Durung nganti Tarmi rampung ngucap, raine dumadakan pucet amarga nyawang wong lanang sing lungguh ana ngarepe Bu Ratna.

Wong lanang iku ora liya Partono, bojone. Tarmi gedheg-gedheg kaya ora precaya. Partono dhewe njumbul lan klingah-klingih, kaya maling ketangkep polisi. Tarmi ora bisa ngucap apa-apa. Dheweke ora sida matur marang Bu Ratna, malah mlayu metu. Raine mbranang karo ngetokake luh sing mili deres ana pipine. Tarmi kelingan marang kondom sing wingi ditemokake ing dhompete bojone. Dheweke kelingan rerasan kanca-kancane bab gigolo. Nalika tekan njaba, Tarmi nyawang langit ana nduwure dadi peteng dhedhet. Ora ana cahya sethitika wae! (*)

                                                                                      .

Comments»

No comments yet — be the first.

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s

%d bloggers like this: